Banyuwangi, Metrozone.net- Wadah Bal balan Persewangi Banyuwangi resmi gandeng Noto Sports dadi tukang gawe klambi resmi tim Laskar Blambangan kanggo musim 2026/2027. Dino ikie Presiden Klub Persewangi Banyuwangi ambie juragan noto sport nepak’aken tandha tangan, Rebo (24/06/2026).
Noto Sports iku perusahaan tukang nyetak klambi bal-balan teko Jember.Kang tuku cetakan klambiene duduk mung komunitas lan lare sekolah neng Tapal Kuda, taping a’sel cetakan klambiene wis di dol nyang negoro njaba. Perusahaan ikie wis tau gawe klambine wadah bal balan Persedikab Kediri sampek tim bal-balan teko negoro Yunani.
Saikie dikongkon nggawe klambine bal-balan Persewangi, Noto Sports ngajak mantan tukang disain klambine Timnas Indonesia lan ambie ngajak lare nom kreatif Banyuwangi dingenggo ngerancang disaine.
Presiden Klub Persewangi Banyuwangi, Handoko, ngomong mugo mugo olehe kerjo bareng ikie biso nge’wujudaken lan nguwataken wadah bal balan ikie supoyo joyo lan ugo biso ngangkat arane Banyuwangi.
“Persewangi bakal tambah roso, keker lan tambah gowo arum Banyuwangi,” jare Handoko.
Rizky Adi Nugraha kang duwe Noto Sports, ngomong kesuwun merga wis dipeleh dadi Official Apparel Partner Persewangi Banyuwangi pirang-pirang taun kepongkor.
“Awale awak dewek duwe kekarepan hang padha.Isun dewek yo kepengen nguweni hang paling apik kanggo Persewangi,” ujare.
Pewarta: Ganda
Editor: 5093N9







