Berkah Lebaran Aji 2026: Kadang FOBB Banyuwangi Ketiban Rejeki Dageng Kurban Teko Polresta Banyuwangi 

Banyuwangi, Metrozone.net- Polresta Banyuwangi ngetokaken daging kurban kanggo dulur-dulur ojol hang saben dina muter dalan, Rebo (27/5/2026), kang di uwekno ambie KBO Sat Intelkam IPTU Samsul Muarif neng konco konco FOBB.

Weneh daging iki dadi tenger Polresta Banyuwangi pancen eling nyang kadang ojol sak Banyuwangi. Ora mung ukum, taping uga ati.

“Polisi iki ora mung nilang neng dalan. Pas Raya Kurban, eling nyang awak dewe hang golek pangan neng dalan,” jare salah siji dulur ojol.

Tetuane FOBB, Yudha Okta Mahendra, matur kesuwun sak lawase. “Iki bukti Polresta temenan kadang nyang awak dewe. Ora mung ngomong, taping bukti,” ujare Yudha karo mesem.

Dheweke duwe pangarep kadang hang wis raket iki terus disimpen. Ben Banyuwangi tetep ayem, tentrem, dalane aman, atine uga adem.

“Saliyane weteng dadi wareg, atine kadang ojol lan polisi dadi tambah raket,” Omonge ketua FOBB.

Pewarta: Ganda

Editor: 5093N9

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

News Feed