Pasthekake Layak Nalika Idul Adha: Dispertapang Banyuwangi Priksa Kewan Kurban Neng Suwelas Lapak Ing Khuto Banyuwangi

Nanyuwangi, Metrozomw.netArep Idul Adha, Dinas Pertanian lan Pangan Kabupaten Banyuwangi mudhun menyang lapangan mriksa kewarasan kewan kurban. Selasa (19/5/2026), petugas nyatroni 11 lapak dodolan rajakaya ing tengah Kutha Banyuwangi.

Kewan sing dipriksa akeh-akehe wedhus lan menda. Petugas mriksa kahanan awake, ngukur suhu badane, sarta mriksa untune kanggo mesthekake umure wis cukup sarat kurban.

Kepala Dinas Pertanian lan Pangan Banyuwangi, Danang Hartanto, ngendika priksan iki kanggo nyegah sumebare lelara kewan nalika dodolan kurban tambah rame.

“Nek kahanane kewan ora waras, bakal diwenehi obat lan vitamin. Dene kanggo mesthekake umure wis setaun utawa luwih, untune wedhus dipriksa wis tanggal utawa poel,” ujare Danang.

Miturut dheweke, pengawasan ora mung ing lapak pinggir dalan. Tim uga bakal nyatroni pasar kewan lan bakul musiman sing wiwit muncul arep Idul Adha.Mligi ngantisipasi lelara, supaya ora ditemokake kewan lara ing lapak-lapak dodolan.

“Mengko tim Dispertanpang terus mudhun menyang lapangan, mubeng menyang kabeh lapak, klebu bakul musiman. Aja nganti ana sumebare lelara ing lapak kewan kurban,” ujare.

Danang ngungkape asil priksan sauntara ing 11 lapak tengah kutha nuduhake kabeh rajakaya sing dipriksa kahanane layak kanggo kurban. Lapak sing wis lolos priksan diwenehi sertifikat saka petugas minangka tandha kewan sing didol wis dipriksa.ungkape

Kepala Bidang Kesehatan Hewan lan Masyarakat Veteriner Banyuwangi, Nanang Sugiharto, nyebutake butuhe kewan kurban ing Banyuwangi taun iki dikira-kira nganti 3 ewu iji sapi, 10 ewu iji wedhus, lan pitu ewu iji menda.

Dheweke mesthekake ketersedhiyane kewan korban cukup. “Kanggo populasi, Banyuwangi tansah surplus. Populasi sapi ing Banyuwangi watara 89 ewu iji sapi lan 325 ewu iji wedhus-menda,” ujare Nanang.

Awake nyebutno hasil priksanan neng 11 lapak ing tengah Kutha Banyuwangi kabeh wedus lan mendo podo waras kabeh layak kurban, rego pasaran nyampek Rp2 yuta – Rp6,5 yuta saben iji.jarene.

Misdi salah sawijine bakul wedhus musiman ing Dalan MH Thamrin ngakoni dodolane taun iki luwih apik tinimbang Idul Adha taun kepungkur.

Aku wis dodolan telung dina.Sedina bisa payu watara lima iji. Nek taun wingi, kadhang sedina ora ana. Paling akeh siji-loro iji.ujare Misdi.

Taun iki dheweke target dodol nganti 100 iji wedhus lan menda. Regane antara Rp2 yuta tekan Rp6,5 yuta saben ijine, gumantung gedhe cilike lan kahanane kewan. Miturut Misdi, rega kewan kurban saiki munggah watara 25 persen tinimbang dina biasa.

Sanajan munggah, dheweke menehi fasilitas titip kewan tekan dina H Idul Adha tanpa biaya tambahan. “Kaunggulane nek tuku neng aku, bisa dititipake tekan dina H lebaran, ora usah nambah maneh,” ujare.

Pewarta: Ganda

Editor: 5093N9

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *