Lebaran Aji 2026: Polresta Banyuwangi Ngetokaken Petang poloh limo Kewan qurban 

Banyuwangi, Metrozone.net- Polresta Banyuwangi ngetokaken petang poloh limo kewan kurban, Rebo (27/5/2026), minangko dienggo ngerameaken lebaran aji 2026.

Kewan hang di e’tokaken iku ono selikur sapi lan pat likur wedhus, kang diwenehaken kanggo pondhok, langgar, wong tuwo agomo, sampek kanca ormek mahasiswa.Pasrah-tampan dilakoni ambie Kapolresta Banyuwangi Rofiq Ripto Himawan neng latar Mapolresta Banyuwangi.

Neng ujarane, Kapolresta Rofiq ngomong lebaran aji iki dadi pengiling kanggo ati hang lilo, eling nyang liyan, lan demen mbagi.

“Kurban iki dudu mung nyembeleh kewan, taping mulang ati ben lilo, eling nyang tonggo, lan semangat mbagi nyang sapepadha,” jarene.

Dheweke nambahi, ngetokaken kewan kurban iki tandha syukure lan sak pisanan ngraketaken antarane Polri ambie wong Banyuwangi.

“Sakliyane dadi gawe agama lan nulung wong, gawene iki diarepaken biso nguwataken gandengane polisi, njaga Banyuwangi tetep ayem lan tentrem,” Arepe Kombes Rofiq

Wakil hang nampa kurban ngalem kelakuane Polresta Banyuwangi. Jarene polisi iki ora mung njagang ukum, taping uga gelem mudhun melu nulung gaweane wong akeh.

Mari pasrah-tampan, montor hang nggowo sapi lan wedhus kurban langsung mangkat nyang panggonane hang nampa.

Pewarta: Ganda

Editor: 5093N9

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *