Ewunan Uwong Mangan Bareng Nang Tradisi Sakral tumpeng sewu Deso Kemiren

Banyuwangi, Metrozone.net– Sadawane dalan Deso Kemiren kebek koyo pasar. Ewunan warga lan pelancong teko njero sampek njaba negoro padha teka ngelencer neng Festival Tumpeng Sewu, Kemis bengi (21/5/2026).

Hajat saben kapisan Wulan Dzulhijjah iki tujuane ndong’o bareng nyang Gusti Allah nyuwun slamet lan dadi tolak bala teko sakehe lelara sampek pagebluk hang nempuh deso.

Ketua Adat Osing Kemiren, Kang Suhaimi, ngomong tradisi iki nduweni teges gotong royong hang kuwat.

“Inti ne dudu naming mangan bareng, taping ngraketaken paseduluran antar warga lan njaga warisane leluhur,” jarene.

Wiwit isuk, wong deso wis nganakaken ritual mepe kasur lan masak pecel pithik kanggo hajat bengi.

“Tradisi iki warisan turun-temurun teko leluhure wong Osing. Mula, wajib dilestarekaken,” tambahe Kang Suhaimi.

Neng acara iki, Bupati Banyuwangi Ipuk Fiestiandani lan Ketua DPRD I Made Cahyana teka langsung nyekseni. Bupati Ipuk ngomong tradisi iki dadi tandha kekuwatan budaya Using duweke Banyuwangi.

“Iki bagiane kekuwatan lokal hang arep terus disosialisasiaken. Budaya gotong royong koyo iki sing diduweni kabeh daerah. Iki kaluwihane Deso Kemiren hang kudu terus dilestarekaken,” ujare.

Kepala Deso Kemiren, Muhammad Arifin, nerangaken sakdurunge mangan bareng, dianakaken Ider Bumi ngarak barong mubeng deso. Barong dibudhalaken teko loro arah, wetan lan kulon, terus ketemu neng ngarep Balai Deso. Sakmarine iku donga bareng, terus mangan tumpeng bareng-bareng. Bengine ditutup Mocoan Lontar Yusup sewengi natas.

“Iki wujud syukure isun kabeh nyang Gusti Allah atas rejeki setaun iki, sakaligus ndong’o ben tansah diwei slamet lan diadohaken teko bala,” jare Kang Arifin.

Pengunjung teko Semarang, Ati, ngaku seneng melu tradisi iki.

“Wargane rukun lan guyub. Masakane uga enak. Mau sampek nambah ping pindo,” jarene.

Pewarta: Ganda

Editor: 5093N9

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *