Tatanan Adat Using wujudte guyub rukun wong Deso Kemiren

Daerah99 Dilihat

Banyuwangi,- Sandiaga teko nang lemah blambangan ikie (13/7/2024), wujudte deleng lan mrekso budoyo kang onok nang Deso Deso Banyuwangi.Kang utomo mulo kang ape dijojok yoiku Deso Kemiren, soaleh wes ngebuktikno selarase masyarakat adate, ajek jogo budoyo sampek biso Desone mlebu ADWI orotane seket gedie.

Nang adat using deso kemiren gerudukane Menparekraf di tompo ambie gandrung, ikie coro budoyo adate using nompo tamu kehormatan kang teko supoyo mlebune direstuni.Lanjute, diajak keleleng ngecek adat istiadat masyarakat using ambie deleng umah adat using, marek ikou deleng budoyo, keseniane lan khas panganane.Wong enom tuwek guyub nguri uri budoyone lan jogo kekhasan kampungane sampek keasriane alame mage asri kejogo sampek saiki.

Nang kene Menparekraf ambie tim’e longgo nang umah adat using ambie jagongan di suguhi ngombenan kopi ambie tegokan deso koyok polo pendem, gadel, kacang ambie jajanan tradisional using, gedigi ikie coro khas adat using molai jaman lawas.Marek ikou di suguhi maneng badokan khas using pecel pitik kang di pangan sesarengan ang’go di polok tangan, ambie masyarakat diiringi geding gedokan kang digowokno ambie emak emak wong using.

Sandiaga Menparekraf Republik Indonesia ngomong kadong deso kemiren ikie mulo duwe ciri khas paten adat istiadate. Budoyo, bahasa lan toto kromo adat using lawas mage di lestarikno sampek saiki.

“Isun kagum, deleng tatanan budoyo adat kang ketoto rapi ikie”,o’monge ikie dadi pengalaman anyar isun nang ngarepe awak media.

Tatanan kang koyok gedigi kudu di jogo lan dilestarikno, makne urip selawase. Kerono teko adat istiadat kang joyo, engkoke bisok ngewujudno urip semangat, jogo lan nguri nguri supoyo tatanane kang koyok gedigi heng ilang lan mati. terange Sandiaga marek’e ngecek kelestarian adat istiadat using.

Pewarta: Ganda

Editor: 5093N9

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *